Wiji kedhawung pranyata kathah
mempangatipun, saged kangge ngilangaken raos nyeri nalika wanita nembe nggarapsari.
Sanesipun saged kangge nambani masuk angin, weteng kembung, demam nifas, lsp. Ing
maneka warni racikan jamu asring dipuntemokaken wiji kedhawung. Menika tuladha
ginanipun wiji kedhawung minangka dados obat.
-
Nambani lara weteng nalika nggarapsari
1. Ndheplok
4 wiji kedhawung ingkang sampun digoreng sangan, nuli kedhawung wau sampun
dipunonceki saha dideplok
2. Salajengipun
dipungodhok ngginakaken toya tigang gelas, dipuntabahi ron sembung
3. Dipuntengga
ngantos umub
4. Menawi
sampun umub kinten-kinten kalih gelas diudhunke lan di dhem
5. Menawi
sampun adhem nuli dipununjuk
-
Nambani dhemam nifas
1. Mendhet
8 wiji kedhawung
2. Dipungoreng
sangan, sabanjuripun dipunonceki lan dipundamel bubuk kanthi dipundheplok
3. Wiji
kedhawung ingkang sampun bubuk menika dipuncuri toya panas, lajeng dipun
tambahi madu, lan diunjuk babar pisan.
-
Nambani lara desentri
1. Bahan-bahan:
a. Sapertelon
gegem ron poko
b. Seprapat
gegem kayu angin
c. 10
lembar ron jambu kluthuk
d. Sagrigih
kunir
e. Sesendhok
teh adas
f. Setengah
jari pulosari
g. 5
wiji kedhawung
h. 1/5
sendhok teh jinten ireng
i.
Gula aren
2. Bahan
dipunkumbah lajeng dipunkethok-kethok
3. Salajengipun
dipungodhog ngginakaken 4 gelas toya ingkang resik
4. Dipungodhog
ngantos umub kinten-kinten dados 2 gelas
5. Sesampunipun
adhem, nuli dipunsaring lan dipunperang dados kalih lajeng dipununjuk
6. Dipununjuk
sedinten kaping kalih
Tidak ada komentar:
Posting Komentar