T
|
Aman Sari menika salah satunggaling
papan wisata ingkang wonten ing kitha Ngayogyakarta Hadiningrat. Mapanipun
mboten tebih kaliyan Kraton Yogyakarta lan Peken Ngasem. Rikala jaman rumiyin
Taman Sari menika minangka papan kangge para putri-putri saha selir-selir raja saking
kraton menawi siram. Amargi wonten ing tengahing Taman Sari menika wonten kolam
ingkang ageng. Kathah para wisatawan asing ingkang dolan wonten ing pemandian Taman Sari menika. Awit kita
saged napak tilas sejarah saking Kraton Ngayogyakarta mawi ningali kanthi
mlaku-mlaku ing wisata Taman Sari menika.
Taman
Sari menika wiyar sanget saha swasana lan kahanan ing salebeting papan menika
endah. Saengga boten nggumunaken kathah tiyang tindak wonten Taman Sari menika
kangge poto-poto kemawon. Taman Sari menika mapanipun wonten ing tengahing
omah-omah saking warga Yogyakarta ingkang wonten ing mlebet benteng. Saengga
anggenipun mlaku-mlaku ing Taman Sari menika kita saged ugi ningali kahanan lan
swasana masyarakat Yogyakarta ingkang rukun lan tentrem. Reginipun karcis
anggenipun badhe mlebet Taman Sari menika mirah sanget. Kangge masyarakat asli
saking Indonesia menika namung bayar tigang ewu kemawon. Bilih kangge tiyang
saking negari sanes menika kedah bayar pitung ewu kemawon. Menawi badhe
ngersakaken pemandu namung cekap bayar sedasa ewu.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar