Selasa, 22 Oktober 2013

News Feature "GRIYA KOS SAGED DADOS MUMPANGAT UTAWI KACILAKAN MASYARAKAT"


GRIYA KOS SAGED DADOS MUMPANGAT UTAWI KACILAKAN MASYARAKAT 


Bantul. Senin tanggal 16 September 2013 Satuan Reskrim Polres Magelang kerjasama kaliyan Polres Bantul nangkep salah satunggaling tersangka curanmor. Inggih menika Agung Nugraha minangka dipunmangertosi dados salah satunggaling  tersangka curanmor ing wilayah Magelang saha Daerah Istimewa Yogyakarta (DIY). Piyambakipun dipuntangkep ing griya kosipun ingkang mapan wonten Sonopakis Lor Rt 01 Ngestiharjo, Kasihan, Bantul. Dipunpirsani kaliyan Bapak Amiranta minangka ketua rt 01, kedadean menika saged kalampahan kanthi lancar. Sakderengipun nangkep tersangka menika, Satuan Reskrim Polres Magelang ingkang dipunampingi kaliyan Polres Bantul rawuh wonten griyanipun Bapak Amiranta saperlu badhe ijin menawi badhe nangkep salah satunggal warga ingkang wonten mriku inggih menika Agung Nugraha. Saklajengipun menika sesarengan sami dhateng wonten griya kosipun tersangka.

Griya kos menika dados salah satunggaling panggenan kangge mapan  tiyang ingkang saking daerah sanes. Awit mawi griya kos menika tiyang saged tilem utawi nindakaken kagiatan ingkang sami nalika wonten griyanipun piyambak. Kathah griya kos mliginipun wonten panggenan ing sakiwa tengenipun wonten sekolah utawi kampus. Awit griya kos menika saged mbiyantu sanget dhumateng para mahasiswa saking njawi. Wujudipun ugi manekawarni, gumantung kaliyan reginipun. Ananging regi menika ugi gumantung kaliyan piranti-piranti ingkang dipunsiapaken.
Ngengingi kedadean Agung Nugraha ingkang dados tersangka curanmor lan ketangkep ing griya kos. Mila sakmenika saged dados perkawis ingkang wigatos babagan griya kos. Amarga piyambakipun kos ing Sonopakis Lor ingkang kathah dipunsewakake griya kos. Awit lingkungan ingkang adem ayem saha saengga kathah tiyang remen manggen wonten mrika. Ananging griya kos menika ugi saged dados sasaran kangge para maling. Saengga tiyang menika kedah nggatosaken kawontenanipun griya kos.  Kangge tiyang ingkang kagungan kos, tiyang ingkang gadhah griya kos saha kangge para masyarakat sakiwa tengenipun. Awit griya kos menika saged mbeta mumpangat utawi kacilakan.
Tiyang gadhah griya kos menika biasanipun amargi kagungan griya ingkang kosong. Saengga dipundadosaken griya kos kemawon awit saged mumpangati. Utawi amargi gadhah griya ingkang kathah lan dipunbangun griya kos saengga saged dados pikantuk arta saking menika. Ananging kangge tiyang ingkang gadhah griya kos menika kedah ngati-ati. Awit tiyang menika kathah sanget lan sipat saha tindak tandukipun ugi beda-beda. Pramila menawi badhe nampi tiyang kos menika kedah dipunsuwuni pirsa saking pundi asalipun. Manawi prelu kedah ningali KTP (Kartu Tanda Penduduk) saking tiyang menika. Tiyang ingkang gadhah kos utawi indhuk semang menika saged nyuwun pirsa menapa kepreluanipun saengga badhe ngekos wonten daerah mrika. Ananging wontenipun tersangka Agung Nugraha ketangkep ing griya kos menika, dipunmangertosi bilih Bapak Ian ingkang kagungan griya kos menika mboten nggatosaken sinten kemawon ingkang ngekos. Saking menika pramila wigatos sanget mangertosi tiyang ingkang enggal badhe mapan wonten griya kos. Menawi perlu kedah ndamel tata tertib utawi peraturan ingkang sinerat kangge ngawekani tiyang ingkang wonten kos.
Kangge tiyang ingkang badhe kos kedah mangertosi ancasing piyambakipun badhe ngekos. Menawi kangge sekolah pramila saged pados griya kos ingkang mboten tebih kaliyan anggenipun sekolah. Menawi tiyang menika sampun nyambut damel pramila madosi griya kos menika ugi ingkang mboten tebih kaliyan papan panggenanipun nyambut damel. Ugi perlu ningali kados pundi kahanan sakiwa tengenipun. Kedah pados panggenan ingkang sae, ayem, tentrem saha masyarakatipun nggadhahi unggah-ungguh. Langkung sae manggen wonten griya kos ingkang menawi ingkang kagungan ugi gesang ing ngriku. Saengga saged mangertosi menapa kegiatanipun tiyang ingkang kos. Ingkang kos kedah mangerstosi peraturanipun saengga sedaya saged tertib. Mliginipun lapor utawi nyuwun ijin kaliyan bapak rt supados dipundata bilih badhe gesang ing tlatah menika. Kaliyan masyarakat sakiwa tengenipun ugi kedah gesang tembayatan saha urip bebarengan. Menawi wonten kegiatan masyarakat saged srawung saha paring pambiyantu. Kadosta saged ndherek kagiatan muda-mudi utawi gotong royong nalika dinten prei sekolah saha nyambut damel.
Lajeng salah satunggaling perkawis ingkang wigatos  inggih menika wontenipun pamangku daerah mliginipun rt ing mrika. Bapak rt menika kedah mangertosi sinten kemawon ingkang manggen wonten tlatahipun. Pramila dados rt menika kedah gadhah seratan nama-nama keluarga ingkang dipunmandegani. Saengga ugi perlu nyerat sinten kemawon tiyang kos ing daerahipun. Awit ngengingi tersangka curanmor ing ngandhap menika, bapak rt 01 ing Sonopakis Lor inggih menika Bapak Amiranta mboten mangertosi menawi wonten warganipun ingkang nama Agung Nugraha. Amargi nalika kos wonten mrika mboten nyuwun ijin utawi lapor rumiyin. Pramila laporan utawi seratan ijin manggen menika wigatos sanget kangge sinten kemawon.
Bapak Amiranta menika sampun dangu dados rt. Piyambakipun sampun ngendika marang warganipun bilih menawi wonten tiyang enggal menika kedah lapor. Mliginipun kangge tiyang ingkang manggen ing griya kos. Minangka dados rt menika, Bapak Amir sampun nate ngempalaken sedaya tiyang ingkang nggadhahi griya kos saha ingkang kos. Saperlu dipun paringi pirsa kados pundi unggah-unggihing menawi gesang wonten daerah Sonopakis Lor mliginipun ing rt 01 menika. Awit ngawekani menawi wonten kedadosan ingkang mboten dipunkajenganken. Menawi perlu saged kerjasama polisi saengga menawi wonten kedadean menapa kemawon saged nyuwun tulung.
Saklajengipun dhumateng para masyarakat sedaya kemawon kedah sami tata tertib saha unggah-ungguh. Supados sedaya uga sami ngurmati dening tiyang sanesipun. Masyarakat ing sakiwa tengenipun griya kos menika ugi kedah sami njagi tlatahipun. Menawi wonten warganipun ingkang tumindak ala kedah dipundangu utawi dipunparingi pirsa. Sedaya kemawon mliginipun ingkang kos awit tiyang kos menika mboten sami adat istiadatipun kaliyan tiyang ingkang asli saking tlatah menika. Tiyang kos utawi ingkang enggal manggen wonten mriku uga kedah mangertosi kados pundi adat istiadat masyarakatipun. Kedah ndherek sesrawungan kaliyan masyarakatipun supados saged mangertosi kahananing sakiwa tengenipun.
Mliginipun wonten kitha Ngayogyakarta menika ingkang misuwur awit unggah-ungguhing masyarakatipun. Kadosta tiyang enem kedah ngginakaken basa Jawi krama nalika guneman kaliyan tiyang ingkang langkung sepuh. Ugi kedah ngurmati tiyang ingkang langkung sepuh. Tuladhanipun menawi nembe wonten tiyang ingkang guneman lan badhe mlampah wonten ngajengipun kedah ngucapaken ndherek langkung utawi nyuwun sewu. Menawi unggah-ungguhing masyarakat Jawi ing tlatah menika beda kaliya adat ingkang saking asalipun, tiyang kos utawi ingkang enggal kedah ngurmati. Caranipun mawi ndherek ngelampahi unggah-ungguh menika. Amargi saben tlatah menika nggadhahi ciri khas piyambak-piyambak. Masyarakat ingkang asli menawi tiyang sanes menika gadhah tindak tanduk ingkang beda uga kedah ngurmati. Minangka tindak tandukipun mboten ndadosaken masyarakat sakiwa tengenipun dados murang tata.
Ngengingi sedaya perkawis ing ngandhap menika perlu sanget kerjasama sedaya kemawon kangge njagi tentreming kahanan masyarakat. Sedaya kedah sami-sami gesang tembayatan. Menawi wonten ingkang nembe gerah utawi kacingkrangan anggenipun njangkepi kabetahan ing pagesangan kedah dipuntulung. Griya kos menika kedah saged mbeta mumpangat. Awit mawi griya kos menika tiyang ingkang gadhah griya saged pikantuk arta kangge pagesanganipun piyambak kaliyan kulawarga. Kangge tiyang ingkang kos menika griya kos menika saged dados salah satunggaling panggenan kangge mapan nalika tebih saking griyanipun piyambak. Pramila awit tiyang kos kaliyan masyarakat sakiwa tengenipun kedah sesrawungan. Awit saking srawung menika saged nuwuhaken raosing gesang sesarengan. Masyarakat ing sakiwa tengenipun griya kos menika saged dados kulawarga ingkang nomer kalih nalika tebih saking kulawarga asalipun. Saengga menawi nembe susah saged nyuwun tulung kaliyan tangga tepalihipun. Mboten pareng tiyang kos menika tumindak asusila utawi tumindak ala, amarga menawi wonten kedadean menika masyarakat tlatahipun ingkang saged dados pikantuk perkawis.

Straight News "POLISI NANGKEP SALAH SATUNGGALING TERSANGKA CURANMOR LINTAS PROPINSI"

POLISI NANGKEP SALAH SATUNGGALING TERSANGKA CURANMOR LINTAS PROPINSI


Nalika tanggal 16 September 2013 ing Sonopakis Lor RT 01 Kasihan, Bantul, Satuan Reskrim Polres Magelang nangkep salah satunggaling tersangka sindikat curanmor lintas provinsi inggih menika Agung Nugraha. Tersangka menika dipunmangertosi dados salah satunggaling  curanmor ing wilayah Magelang saha Daerah Istimewa Yogyakarta (DIY). Wontene kedadean penangkapan menika dipuntingali langsung dening Ketua RT 01 inggih menika Bapak Amiranta. Awit kerjasamanipun Polres Bantul kaliyan Polres Magelang saengga kedadean menika saged dipunlampahi kanthi lancar.
Saderengipun kedadean menika tiyang saking Polres Magelang dipunrencangi saking Polres Bantul sowan wonten griyanipun Bapak Amir saperlu nyuwun ijin badhe mendhet salah satunggal warganipun. Awit menika wonten kawontenanipun Bapak Amir pramila polisi menika dipundherekaken dumugi griya kosipun Agung Nugraha. Nalika kedadean tersangka curanmor menika nembe tilem. Awit dipunsengkuyung dening rt pramila tersangka menika mboten nglawan saengga mboten ndadosaken kahanan ingkang ruwet. Agung Nugraha menika dipunmangertosi dados salah satunggaling kelompok curanmor ingkang wonten sanga tiyang.