Senin, 28 Oktober 2013

Feature "PEKEN NGASEM MINANGKA SALAH SATUNGGALING WARISAN KABUDAYAN"



PEKEN NGASEM MINANGKA SALAH SATUNGGALING WARISAN KABUDAYAN

Yogyakarta. 21 Oktober 2013. Salah satunggaling peken ingkang taksih tradisional wonten Yogyakarta inggih menika Peken Ngasem. Peken menika mboten tebih saking alun-alun ler lan kraton. Wujud saking bangunanipun taksih tingalan saking jaman rumiyin. Pramila Peken Ngasem sakmenika saged dados salah satunggaling papan kangge wisata mliginipun wonten kita Yogyakarta.

Peser Ngasem menika mapan wonten ing salebeting beteng amargi taksih kagunganipun Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Manggenipun ugi mboten tebih saking papan wisata Tamansari. Wonten ing padintenan Peser Ngasem menika minangka salah satunggaling papan kangge dedagangan. Mliginipun kangge kabetahan ing padintenan.
Wujudipun Peken Ngasem sakmenika sampun beda kaliyan rikala jaman rumiyin. Jaman rumiyin wonten Peser  Ngasem taksih wonten dedagangan kewan-kewan. Ananging jaman sakmenika namung kangge dedagangan kabetahan masak saha ingkang kangge padintenan kemawon. Nalika taksih kangge dedagangan kewan-kewan Peken Ngasem  menilka rame sanget. Kangge para tiyang ingkang dedangan  kewan  sakmenika sampun kagungan papan piyambak inggih menika wonten Pasar Satwa dan Tanaman Hias (PASTI) ing Dongkelan, Jalan Bantul.
Peken Ngasem sakmenika papan kangge dedagangan lan kangge wisata bibaripun dipunpugar kaliyan  pamarintah. Peken Ngasem  menika kaperang dados 3 bagian. Wonten  papan  kangge dedagangan kabetahan padintenan kadosta sabun, wos, gendis, sampo, lan sanes-sanesipun. Wonten ugi papan ingkang kangge dedangan sayur ingkang sampun mateng, kadosta warung kangge dhahar ananging kathah lan jejer-jejer. Ingkang langkung utama inggih menika papan kangge dedangan sayur lan lawuhipun.  Ingkang enggal inggih menika wonten ing wingking saking peken wonten papan kangge lelenggahan. Saengga nalika sayah bibaripun blanja saged ngaso rumiyin.
Papan ingkang enggal saking Peken Ngasem menika wiyar sanged saha mboten benter amargi wonten eyup-eyupanipun. Dereng dangu Festival Kesenian Yogyakarta (FKY) 2013 ugi dipunadani wonten Peken Ngasem, mapanipun ing papan ingkang enggal menika. Kanthi wonten FKY ing Peken Ngasem menika saged dados salah satunggaling cara supados tiyang menika langkung remen dhateng peken tradisional. Awit saking peken tradisional menika kathah piwulang utawi kabudayan-kabudayan ingkang taksih tetep lestantun.
Mboten kraos para tiyang ingkang dedagangan wonten peken tradisional menika sampun ndherek njagi nilai-nilai budaya. Pramila minangka kita nadhe ndherek njagi kawontenan budaya menika kita ugi kedah remen minangka blanja ing peken tradisional. Kanthi blanja ing Peken Ngasem menika kita ugi sampun mbiyantu para tiyang ingkang nyambut damel ing mrika. Peken Ngasem jaman sakmenika taksih dados salan satunggaling peken ingkang rame. Sakmenika dados pratandha minangka tiyang ing Yogyakarta taksih remen blanja ing peken tradisional. Kanthi cara menika tiyang sampun ndherek ngurmati saha nglestantunaken warisan kabudayan Jawi.