BUDAYA
JAWI ING TENGAHING BUDAYA MODEREN
Indonesia minangka salah satunggaling papan ingkang menjanjikan mliginipun kangge para seniman. Boten namung kangge
seniman Indonesia piyambak ananging ugi kangge seniman saking njawi nagari.
Kathah tiyang ingkang asing ingkang ndamel pentas wonten Indonesia amargi
ngertos bilih tiyang wonten mriki remen kaliyan seni. Wonten ing Indonesia
tiyang enem jaman sakmenika remen sanget kaliyan menapa kemawon ingkang gayut
kaliyan budaya-budaya saking nagari sanes. Saengga sampun kathah ingkang mboten
kemutan kaliyan budayanipun piyambak amargi langkung remen kaliyan budaya
asing. Menawi ninggali artis utawi penyanyi saking nagari sanes menika mbetahaken
bea ingkang boten mirah. Beda kaliayn pentas kesenian tradisional ing daerah
ingkang gratis menika namung sekedhik ingkang mirsani. Saengga kedah
dipunmangertosi menapa kemawon ingkang ndadosaken kesenian mliginipun ingkang
tradisional menika namung sekedhik ingkang remen.
Perkawis kaping setunggal ingkang ndadosaken kesenian moderen kathah
ingkang remen inggih menika awit saking gaya
hidup masyarakat. Masyarakat wonten ing kitha menika remen mirsani seni
ingkang kathah werna-werni lampunipun saengga ketingal rame sanget. Beda
kaliyan mirsani ketoprak utawi wayang ingkang iringanipun namung monoton.
Masyarakat sakmenika langkung remen mirsani acara ingkang kathah guyonanipun
katimbang nilai pendidikan utawi moral. Menika saged kita pirsani wonten ing
pentas seni tradisional. Menawi ninggali wayang utawi ketoprak kita saged
mendhet ajaran ingkang sae utawi becik. Ajaran-ajaran saking seni tradisional
sakmenika saged dados pandom kangge ngelampahi pagesangan. Beda menawi mirsani
seni moderen, ingkang mirsani menika namung pikantuk raos remen kemawon. Pramila,
mboten nggumunaken menawi kathah tiyang enem menika ingkang sampun mboten
gadhah sopan santun lan tata krama. Tiyang enem namung sekedhik ingkang taksih
ngurmati lan ngajeni dhateng tiyang sanes mlginipun dhateng tiyang sepuhipun.
Kaping kalih inggih menika awit teknologi sampun langkung majeng
katimbang rumiyin. Pramila anggenipun paring pawarta saking luar nagari menika
langkung cepet ugi. Warta menawi badhe wonten artis saking nagari sanes badhe
mriki langkung cepet anggenipun sami ngertos awit teknologi ingkang sae.
Teknologi ingkang langkung majeng menika saged dipuntingali wonten
tiyang-tiyang sakmenika gadhah piranti kangge wicantenan utawi hp ingkang
canggih. Rumiyin hp menika namung saged kangge telpon utawi ngirim pawarta
kemawon ananging sakmenika sampun manekawarni ginanipun. Kathah hp ingkang
saged kangge internet utawi kangge dolanan. Awit saking menika tiyang langkung
remen ningali seni moderen katimbang seni tradisional. Amargi ajrih dipunsebat
ketinggalan utawi kuno menawi ningali seni tradisional kemawon.
Kaping tiga inggih menika awit para tiyang utawi pelaku seni tradisional
sakmenika ugi sampun mboten purun nindakaken seni tradisional. Amargi wonten
gayutipun kaliyan pagesangan bilih regi-regi kabetahan langkung awis. Menawi
namung dados seniman mliginipun ing seni tradisional menika mboten saged
nyekapi kabetahan kangge kulawarga. Pramila kathah ingkang ninggal seni tradisi
kangge pados pedamelan sanes ingkang langkung sae supados saged nyekapi
kabetahan ing pagesangan. Saengga sakmenika namung sekedhik pentas kesenian
tradisional awit saking tiyangipun mboten wonten. Menawi wonten pentas kesenian
tradisional menika namung kangge acara-acara tartamtu ingkang wigatos, kadosta
kengge mengeti ambal warsa kabupaten, mengeti merti dusun, lan
sapanunggalanipun.
Ngengini kahanan kados menika, pramila sedaya kemawon kedah sami njagi
budayanipun piyambak-piyambak. Mboten pareng langkung remen budaya sanes
katimbang budayanipun piyambak. Kedah mangertosi bilih budaya menika dados ciri
khas kangge saben daerah. Remen kaliyan budaya sanes menika pareng kemawon
ananging mboten pareng ngantos kesupen kaliyan budaya daerahipun. Mliginipun
ingkang mawi seni-seni tradisional. Amargi seni tradisional menika tuwuh saking
kawontenan masyarakat saking jaman rumiyin saengga kedah dipunuri-uri supados
tetep lestantun. Pamarintah menika ugi kedah nguri-uri seni tradisi, langkung
sae menawi saged ndamel pawarta ingkang ngandhut babagan seni tradisi supados
sedaya tiyang saged maos babagan seni menika. Saengga kathah para wisatawan
ingkang badhe dhateng wonten ing daerahipun kangge mirsani seni
tradisionalipun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar