Senin, 16 Desember 2013

Artikel "BUDAYA JAWI ING TENGAHING BUDAYA MODEREN"



BUDAYA JAWI ING TENGAHING BUDAYA MODEREN

       Indonesia minangka salah satunggaling papan ingkang menjanjikan mliginipun kangge para seniman. Boten namung kangge seniman Indonesia piyambak ananging ugi kangge seniman saking njawi nagari. Kathah tiyang ingkang asing ingkang ndamel pentas wonten Indonesia amargi ngertos bilih tiyang wonten mriki remen kaliyan seni. Wonten ing Indonesia tiyang enem jaman sakmenika remen sanget kaliyan menapa kemawon ingkang gayut kaliyan budaya-budaya saking nagari sanes. Saengga sampun kathah ingkang mboten kemutan kaliyan budayanipun piyambak amargi langkung remen kaliyan budaya asing. Menawi ninggali artis utawi penyanyi saking nagari sanes menika mbetahaken bea ingkang boten mirah. Beda kaliayn pentas kesenian tradisional ing daerah ingkang gratis menika namung sekedhik ingkang mirsani. Saengga kedah dipunmangertosi menapa kemawon ingkang ndadosaken kesenian mliginipun ingkang tradisional menika namung sekedhik ingkang remen.
       Perkawis kaping setunggal ingkang ndadosaken kesenian moderen kathah ingkang remen inggih menika awit saking gaya hidup masyarakat. Masyarakat wonten ing kitha menika remen mirsani seni ingkang kathah werna-werni lampunipun saengga ketingal rame sanget. Beda kaliyan mirsani ketoprak utawi wayang ingkang iringanipun namung monoton. Masyarakat sakmenika langkung remen mirsani acara ingkang kathah guyonanipun katimbang nilai pendidikan utawi moral. Menika saged kita pirsani wonten ing pentas seni tradisional. Menawi ninggali wayang utawi ketoprak kita saged mendhet ajaran ingkang sae utawi becik. Ajaran-ajaran saking seni tradisional sakmenika saged dados pandom kangge ngelampahi pagesangan. Beda menawi mirsani seni moderen, ingkang mirsani menika namung pikantuk raos remen kemawon. Pramila, mboten nggumunaken menawi kathah tiyang enem menika ingkang sampun mboten gadhah sopan santun lan tata krama. Tiyang enem namung sekedhik ingkang taksih ngurmati lan ngajeni dhateng tiyang sanes mlginipun dhateng tiyang sepuhipun.
       Kaping kalih inggih menika awit teknologi sampun langkung majeng katimbang rumiyin. Pramila anggenipun paring pawarta saking luar nagari menika langkung cepet ugi. Warta menawi badhe wonten artis saking nagari sanes badhe mriki langkung cepet anggenipun sami ngertos awit teknologi ingkang sae. Teknologi ingkang langkung majeng menika saged dipuntingali wonten tiyang-tiyang sakmenika gadhah piranti kangge wicantenan utawi hp ingkang canggih. Rumiyin hp menika namung saged kangge telpon utawi ngirim pawarta kemawon ananging sakmenika sampun manekawarni ginanipun. Kathah hp ingkang saged kangge internet utawi kangge dolanan. Awit saking menika tiyang langkung remen ningali seni moderen katimbang seni tradisional. Amargi ajrih dipunsebat ketinggalan utawi kuno menawi ningali seni tradisional kemawon.
       Kaping tiga inggih menika awit para tiyang utawi pelaku seni tradisional sakmenika ugi sampun mboten purun nindakaken seni tradisional. Amargi wonten gayutipun kaliyan pagesangan bilih regi-regi kabetahan langkung awis. Menawi namung dados seniman mliginipun ing seni tradisional menika mboten saged nyekapi kabetahan kangge kulawarga. Pramila kathah ingkang ninggal seni tradisi kangge pados pedamelan sanes ingkang langkung sae supados saged nyekapi kabetahan ing pagesangan. Saengga sakmenika namung sekedhik pentas kesenian tradisional awit saking tiyangipun mboten wonten. Menawi wonten pentas kesenian tradisional menika namung kangge acara-acara tartamtu ingkang wigatos, kadosta kengge mengeti ambal warsa kabupaten, mengeti merti dusun, lan sapanunggalanipun.
       Ngengini kahanan kados menika, pramila sedaya kemawon kedah sami njagi budayanipun piyambak-piyambak. Mboten pareng langkung remen budaya sanes katimbang budayanipun piyambak. Kedah mangertosi bilih budaya menika dados ciri khas kangge saben daerah. Remen kaliyan budaya sanes menika pareng kemawon ananging mboten pareng ngantos kesupen kaliyan budaya daerahipun. Mliginipun ingkang mawi seni-seni tradisional. Amargi seni tradisional menika tuwuh saking kawontenan masyarakat saking jaman rumiyin saengga kedah dipunuri-uri supados tetep lestantun. Pamarintah menika ugi kedah nguri-uri seni tradisi, langkung sae menawi saged ndamel pawarta ingkang ngandhut babagan seni tradisi supados sedaya tiyang saged maos babagan seni menika. Saengga kathah para wisatawan ingkang badhe dhateng wonten ing daerahipun kangge mirsani seni tradisionalipun.