Hobi
dados Usaha
Eni
Lestari menika salah satunggalipun wirausahawan ingkang usahanipun nyade
sandhangan. Piyambakipun miwiti usaha kanthi raos remen marang dedagangan.
Putra nomor setunggal saking Bapak Waljiyo saha Ibu Ruwetiyah menika sampun
nyade sandhangan wiwit taksih SMA. Mawi cara nyade muter ing sakiwa tengen
griyanipun. Saengga Ibu Eni menika sampun kangge gesang kanthi mandiri.
Sakmenika
Ibu Eni mapan ing dhusun Gonjen, Tamantirta, Kasihan, Bantul, Yogyakarta.
Garwanipun Bapak Wartijo utawi Dawa lan gadhah putra kalih. Ingkang kaping
pisan sekolah ing SMP. Dene ingkang putra kaping kalih nembe TK. Kulawarganipun
sami nyengkuyung pedamelanipun saengga saged tetep ngrembaka. Menawi sami
ribet, putra-putranipun dipuntitipaken dhateng tiyang sepuhipun. Tuladhanipun
menawi piyambakipun badhe kulakan sandhangan ing Tanah Abang, Jakarta.
Ibu
Eni menika gadhah toko ingkang mapan ing Peken Beringharjo lantai 2, kanthi
nama toko sandhangan EnyMar, nama sakmenika sareng-sareng kaliyan rayinipun.
Ananging sakmenika rayinipun sampun boten mapan ing Yogyakarta ananging ndherek
garwanipun wonten Temanggung. Saengga Ibu Eni piyambak ingkang ngurusi toko
menika, dipunsengkuyung dening para karyawan. Usaha sakmenika mboten namung
nyade sandhangan kemawon, ananging nampi narima pesenan. Kadosta nampi pesenan kebaya
kangge pawiwahan utawi kebaya wisuda. Piyambakipun gadhah pangajab bilih
usahanipun saged langkung ngrembaka. Salah satunggalipun cara ingkang
dipunlampahi inggih menika daamel kartu nama kangge pelanggan. Uga damel
plastik ingkang ngewrat nama saha alamat saking tokonipun.