Selasa, 17 Desember 2013

Feature "Profil Wirausaha"

Hobi dados Usaha
Eni Lestari menika salah satunggalipun wirausahawan ingkang usahanipun nyade sandhangan. Piyambakipun miwiti usaha kanthi raos remen marang dedagangan. Putra nomor setunggal saking Bapak Waljiyo saha Ibu Ruwetiyah menika sampun nyade sandhangan wiwit taksih SMA. Mawi cara nyade muter ing sakiwa tengen griyanipun. Saengga Ibu Eni menika sampun kangge gesang kanthi mandiri.
Sakmenika Ibu Eni mapan ing dhusun Gonjen, Tamantirta, Kasihan, Bantul, Yogyakarta. Garwanipun Bapak Wartijo utawi Dawa lan gadhah putra kalih. Ingkang kaping pisan sekolah ing SMP. Dene ingkang putra kaping kalih nembe TK. Kulawarganipun sami nyengkuyung pedamelanipun saengga saged tetep ngrembaka. Menawi sami ribet, putra-putranipun dipuntitipaken dhateng tiyang sepuhipun. Tuladhanipun menawi piyambakipun badhe kulakan sandhangan ing Tanah Abang, Jakarta.
Ibu Eni menika gadhah toko ingkang mapan ing Peken Beringharjo lantai 2, kanthi nama toko sandhangan EnyMar, nama sakmenika sareng-sareng kaliyan rayinipun. Ananging sakmenika rayinipun sampun boten mapan ing Yogyakarta ananging ndherek garwanipun wonten Temanggung. Saengga Ibu Eni piyambak ingkang ngurusi toko menika, dipunsengkuyung dening para karyawan. Usaha sakmenika mboten namung nyade sandhangan kemawon, ananging nampi narima pesenan. Kadosta nampi pesenan kebaya kangge pawiwahan utawi kebaya wisuda. Piyambakipun gadhah pangajab bilih usahanipun saged langkung ngrembaka. Salah satunggalipun cara ingkang dipunlampahi inggih menika daamel kartu nama kangge pelanggan. Uga damel plastik ingkang ngewrat nama saha alamat saking tokonipun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar