Rabu, 18 Desember 2013

Pengalamanku "Salah Uwong"



SALAH UWONG

          Jaman SMA menika wayaipun bocah-bocah sami remen kekancan. Saben bocah gadhah kanca ingkang lankung celak kangge cariyos. Mekaten ugi  kangge kula ingkang gadhah kanca celak naminipun Ria. Mliginipun sampun sesarengan wiwit SMP, pramila wonten SMA menika dados langkung akrab.
            Sakmenika dinten Senin wancinipun bidal sekolah. Kula lan Ria setunggal kelas pramila asrig wangsul sesarengan. Ananging dinten menika wancinipun bidal lan kita wicantenan ing njawi kelas kaliyan kanca sanes. Dangunipun kula kemutan Ria amargi badhe wangsul sesarengan. Pramila kula lajeng mlampah tumuju gerbang sekolah. Setawis wonten bocah wadon ngangge tas coklat lan ngginakaken helem. Lha kuwi apa Ria, pikirku.
            Plaaakkk... heleme tak thutuk sinambi cengar-cengir kaliyan nyeluk, Ria...!
            Mak jegagik, nalika bocah wadon menika mengo, sanes pasuryanipun Ria ingkang ketingal. Malah mboten tepang menika sinten. Setawis kula namung mesam-mesem amargi kisinan. Dipuntambahi kaliyan kanca-kanca bocah wau sami cengengesan amargi mangertosi kula klentu anggenipun nuthuk tiyang menika. Sawetawis kula lajeng mlampah wangsul amargi sampun kisinan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar