SALAH
UWONG
Jaman SMA menika
wayaipun bocah-bocah sami remen kekancan. Saben bocah gadhah kanca ingkang
lankung celak kangge cariyos. Mekaten ugi
kangge kula ingkang gadhah kanca celak naminipun Ria. Mliginipun sampun
sesarengan wiwit SMP, pramila wonten SMA menika dados langkung akrab.
Sakmenika dinten Senin wancinipun
bidal sekolah. Kula lan Ria setunggal kelas pramila asrig wangsul sesarengan.
Ananging dinten menika wancinipun bidal lan kita wicantenan ing njawi kelas
kaliyan kanca sanes. Dangunipun kula kemutan Ria amargi badhe wangsul
sesarengan. Pramila kula lajeng mlampah tumuju gerbang sekolah. Setawis wonten
bocah wadon ngangge tas coklat lan ngginakaken helem. Lha kuwi apa Ria, pikirku.
Plaaakkk... heleme tak thutuk
sinambi cengar-cengir kaliyan nyeluk, Ria...!
Mak jegagik, nalika bocah wadon
menika mengo, sanes pasuryanipun Ria ingkang ketingal. Malah mboten tepang
menika sinten. Setawis kula namung mesam-mesem amargi kisinan. Dipuntambahi
kaliyan kanca-kanca bocah wau sami cengengesan amargi mangertosi kula klentu
anggenipun nuthuk tiyang menika. Sawetawis kula lajeng mlampah wangsul amargi
sampun kisinan.