Sirna
Kepengin...
Dak rasake, ragaku ana ing sisihmu
Kepengin...
Awakku dadi
sumbuning rerindu
Sliramu kayadene tembang kang tansah ngengidung ing
sepining ratri
Anjalari ketar ketir ing sajroning atiku
Wektu terus lumaku gilir gumanti
Nanging kena apa atimu ora bisa tinarbuka
Kudu mlayu menyang ngendi golek wangsulan
Apa kawula kudu takon marang samirana
Nalika sepining ratri ngrenggani bumi
Kawula angerteni,
awakku mung gedhe pengarep-arep
Kayadene cebol nggayuh lintang
Candra...
Awak iki kepengin
kowe tansah anyekseni
Swara batinku iki
Tidak ada komentar:
Posting Komentar