PEKEN NGASEM MINANGKA SALAH
SATUNGGALING WARISAN KABUDAYAN
Yogyakarta. 21 Oktober
2013. Salah satunggaling peken ingkang taksih tradisional wonten Yogyakarta
inggih menika Peken Ngasem. Peken menika mboten tebih saking alun-alun ler lan
kraton. Wujud saking bangunanipun taksih tingalan saking jaman rumiyin. Pramila
Peken Ngasem sakmenika saged dados salah satunggaling papan kangge wisata
mliginipun wonten kita Yogyakarta.
Peser Ngasem menika
mapan wonten ing salebeting beteng amargi taksih kagunganipun Kraton
Ngayogyakarta Hadiningrat. Manggenipun ugi mboten tebih saking papan wisata
Tamansari. Wonten ing padintenan Peser Ngasem menika minangka salah
satunggaling papan kangge dedagangan. Mliginipun kangge kabetahan ing
padintenan.
Wujudipun Peken Ngasem
sakmenika sampun beda kaliyan rikala jaman rumiyin. Jaman rumiyin wonten Peser Ngasem taksih wonten dedagangan kewan-kewan.
Ananging jaman sakmenika namung kangge dedagangan kabetahan masak saha ingkang
kangge padintenan kemawon. Nalika taksih kangge dedagangan kewan-kewan Peken
Ngasem menilka rame sanget. Kangge para
tiyang ingkang dedangan kewan sakmenika sampun kagungan papan piyambak
inggih menika wonten Pasar Satwa dan Tanaman Hias (PASTI) ing Dongkelan, Jalan
Bantul.
Peken Ngasem sakmenika
papan kangge dedagangan lan kangge wisata bibaripun dipunpugar kaliyan pamarintah. Peken Ngasem menika kaperang dados 3 bagian. Wonten papan kangge
dedagangan kabetahan padintenan kadosta sabun, wos, gendis, sampo, lan
sanes-sanesipun. Wonten ugi papan ingkang kangge dedangan sayur ingkang sampun
mateng, kadosta warung kangge dhahar ananging kathah lan jejer-jejer. Ingkang
langkung utama inggih menika papan kangge dedangan sayur lan lawuhipun. Ingkang enggal inggih menika wonten ing
wingking saking peken wonten papan kangge lelenggahan. Saengga nalika sayah
bibaripun blanja saged ngaso rumiyin.
Papan ingkang enggal
saking Peken Ngasem menika wiyar sanged saha mboten benter amargi wonten
eyup-eyupanipun. Dereng dangu Festival Kesenian Yogyakarta (FKY) 2013 ugi
dipunadani wonten Peken Ngasem, mapanipun ing papan ingkang enggal menika.
Kanthi wonten FKY ing Peken Ngasem menika saged dados salah satunggaling cara
supados tiyang menika langkung remen dhateng peken tradisional. Awit saking
peken tradisional menika kathah piwulang utawi kabudayan-kabudayan ingkang
taksih tetep lestantun.
Mboten kraos para
tiyang ingkang dedagangan wonten peken tradisional menika sampun ndherek njagi
nilai-nilai budaya. Pramila minangka kita nadhe ndherek njagi kawontenan budaya
menika kita ugi kedah remen minangka blanja ing peken tradisional. Kanthi
blanja ing Peken Ngasem menika kita ugi sampun mbiyantu para tiyang ingkang
nyambut damel ing mrika. Peken Ngasem jaman sakmenika taksih dados salan
satunggaling peken ingkang rame. Sakmenika dados pratandha minangka tiyang ing
Yogyakarta taksih remen blanja ing peken tradisional. Kanthi cara menika tiyang
sampun ndherek ngurmati saha nglestantunaken warisan kabudayan Jawi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar